Drama Pandhawa Seda

Brian Pratama
Drama
3
587 kali
0 kali

not admin's choice

Babak 1 : Dendame Aswatama Tokoh :
  • Aswatama
  • Bima
  • Nakula
  • Sadewa
  • Yudhistira
  • Arjuna
  • Utari
  • Destrajumena
  • Srikandi
  • Subadra
  Sawise perang Barathayuda sing dimenangake karo pandhawa, ing rimba ana uwong sing jenenge Aswatama. Dheweke mblayu pas arep dilawan Bima amarga wedhi mati. Aswatama     : Wah dadakno Pandhawa sing menang, bapakku ae dibunuh dasaar kejem, aku mesti mbales dendem. Aswatama tindak menyang kemahe pandhawa. Aswatama     : wah isik rame, aku turu sek ngenteni wis sepi. Aswatama turu sampe wengi lan ora tangi-tangi. Dheweke bangun sampe mencolot amarga ana suara burung hantu. Aswatama     : eeiiit suara opo iku ? wah wis bengi  iki waktune gae bales dendem, lek orang inggris ngomong iku “ it sho tem “ Aswatama ngrobek salah siji tenda Aswatama     : wah iki kan destrajumena sing wis mbunuh bapakku, tak bunuh sisan kowe Aswatama     : iki maneh Srikandi sing wis nyiksa eyang Bhisma, tak bunuh sisan kowe Aswatama metu lan mlebu maneh ing tenda sebelahe. Lha iku tendahe para wadom pas iku utari ora iso turu. Utari       : wah aku kok ora isa turu ya. Dheweke kaget amarga ndelok Aswatama mlebu ing kemahe sambil nggowo piso. Utari       : waaaaaaaa ! sopo koweeee! Aswatama     : waduh ketemon iki, aku mesti nganggo cara iki yaiku thosen step hehe Amarga teriakane Utari satria sing laine padha bangun. Subadra         : Wah Utari ana apa ? Utari               : mau ana Aswatama nggowo piso Bima lan Arjuna teka Arjuna            : Ada apa Utari? Drupadi          : Mau katane ana Aswatama Waktu iku sisan Nakula mblayu nang Bima Bima               : yoy Nakula lapo kowe blayu-blayu kaya ana wong matek ae ? Sadewa          : Kanda kemahe Destrajumena suwek Bima               : Iyo memang kok Destrajumena ora tangi yo, yoy Arjuna ayo melu aku Bima mlebu nang kemah iku lan teriak, Arjuna lan sing laene melu mlebu, Dadakno Destrajumena lan srikandi matek. Bimo               : Aswatamaaa tak bunuh kowee, yooy sing laene aku nggolek Aswatama dhisik lek ketemu tah bunuh. Sesuke para pandhawa nggolek Bima lan Aswatama Arjuna            : lha iku lak kanda Bima, heei kanda Bima teka nang dulure Yudhistira      : yak opo adhik Bima wis ketemu karo Aswatama Bima               : Durung kanda aku wis nggolek semaleman tapi ora ketemu Sadewa          : kanda yak opo lek kanda mukul-mukuli pohon ben dheweke metu tekan sembunyiane Bima               : wah bener sing laine pencar ae yooo Bima mukul-mukuli alas sampe kedengeren karo Aswatama Aswatama     : waah ana apa iki kok kaya ana gajah ngamuk hii sereeem Aswatama mblayu lan nontok Bima, mblayu nang kiwa ana Arjuna mblayu nang tengen ana Sadewa Arjuna            : heii Aswatama kowe mesti matek rasakno ini panah gowawijaya ku Aswatama     : waduh yo opo iki? Gak isok thosen step Arjuna mbunuh Aswatama, sawise iku pandhawa mulih nang kemahe lan nyolati Destrajumena lan Srikandi.   Babak 2 : Meninggale Resi Bhisma Tokoh     :
  • Bima
  • Nakula
  • Yudhistira
  • Sadewa
  • Arjuna
  • Dewi Amba
  • Resi Bhisma
    Nang Padang Kurusetra ana Resi Bhisma dheweke ditekani karo Dewi Amba tekan khayangan. Resi Bhisma          : Hai Amba ana opo  kowe tekani aku Dewi Amba           : Kula arep njemput kowe menyang khayangan Resi Bhisma          : Iyo aku ora arep nggawe salah gae kaloro kaline, tapi kula arep ketemu karo Pandhawa cucuku. Dewi Amba           : oh iya monggo tapi ora suwi-suwi yo Resi Bhisma nyeluk penjaga sing tugas gae nyampekno lek Eyang Bhisma arep ketemu Sampe nang Hastina Yudhistira              : oh jenengan lapo tindak menyang kene ana opo? Tentara                  : Kula badhe nyerahaken serat tekan Eyang Bhisma. Yudhistira              : oh Eyang Bhisma Tentara                  : mange serate prabhu Yudhistira              :Oh iyo suwun jenengan oleh kondur Yudhistira maca serat iku lan nyeluk dulure Bima                       : yoy kanda ana opo kok nyeluk-nyeluk Yudhistira              : Niki adhik ana serat tekan Eyang Bhisma kita dipunkengken menyang padang Kurusetra Sadewa                  :  wah lek ngono ayo cepet kita tindak ! Sampene nang Padang Kurusetra Eyang Bhisma       : halo cucuku eyang arep nyritaaken hal sing apik gae bekal uripe cucuku ngene critane : Ono burung Nuri sing urip nang atas wit, wite iku nduwe buah sing seger tiap tahune pasti berbuah. Nuri iku ora pernah ninggalaken wit iku. Lha dina iku ana pemburu, pemburu iku arep manah rusa tapi melenceng lan malah kenek wite Nuri iku. Amarga panahe iku ana racune dadi wit iku kering. Tapi burung iku ora pergi tekan kono. Amarga sangking apike luhur budine si Nuri sampe nggoncangake Chandradimuka. Batahara Siwa langsung nyeluk Bhatara Indra lan nyuruh nolong si Nuri iku. Bathara Indra menjilma dadi resi lan takon karo burung iku “ hei Nuri menapa kowe ora tindak menyang wit sing laine “ “ oh resi ojok ngrasani aku goblok “ “ Jenengan past iwis ngerti apa artine bales budi “ “ kula wis urip nang wit iki tekan ndok sampe saiki lan aku ora pernah kirangan apapun” “ sekarang wit iki lara apa pantes kula ninggalaken wit iki mirip bebasan “ mbari manis sepah diguak “ “ matur Nuri iku “ kula mangertos opo sing nuri lacuna dadi saiki apa sing nuri pengen? “ “ kula pengen wit iki dadi sehat maneh “.         Resi Bhisma          : nak dadi ccucuku harta sak pirang-pirang gak akan pernah isa nggowo kowe menyang nirwana         Resi Bhisma nahan napase lan meninggal. Jasade di sempurnaaken.   Babak 3 : Pandhawa Seda Tokoh     :
  • Yudhistira
  • Bima
  • Arjuna
  • Sadewa
  • Nakula
  • Anjing
  • Bhatara Dharma
  • Bhatara Indra
    Diceritakno Prabhu Dwaraka Sri Kresna meninggal lan nggawe resah para pandhawa, ora ana sing isa negur yudhistira kecuali Bima sing mature mesti sakenake Bima               : yoy kanda ora ana gunane kanda nyesel amarga Kanda Kresna meninggal. Koyok sing ketulis ing Dalil Weda, orang apik budine ora pernah sedih amarga ditinggal mati karo uwong sing dihormatine, menawa dheweke malah nangis amarga uripe dhewe Yudhistira      : Kula ora sedih Bima menawa kecewa amarga kula koyok pembimbing sing kelangan pedoman. Sampe-sampe kula ngrasakaken ora gelem dadi raja maneh, ya apa lek tak serakaken nang Arjuna Arjuna            : Sawise ngono kanda arep lapo ? lan aku ora gelem dadi raja Yudhistira      : Kanda badhe ngorbanaken diri manjat mahameru Arjuna, Sadewa, Nakula: APA MANJAT MAHAMERU ! Bima               : Iku tindakan wong sing wis pasrah kanda sing kecewa karo nasibe. Yudhistira      : Ojo salah Bima lek bertapa kita mesti nahan napsu lan pikiran lan jasmanine ora digunakaken menawa lek kita manjat mahameru kita juga nggunakaken jasmani kita. Arjuna, Bima, Nakula, Sadewa  : lek ngono kita juga melu. Drupadi          : adinda wis siap melu karo kanda Akhire Pandhawa siap-siap gawe manjat mahameru, Pas dina sing ditentuaken Pandhawa tindak. Sadewa          : wah uadem Drupadi  wis mulai ora kuat, Yudhistira teka lan mangku Drupadi Drupradi                : oh kanda kula ora kuat maneh Yudhistira      : ojo pergi disik adinda Akhire Drupadi meninggal ing pangkuan suamine. Bima               : Yoy ayoo lanjutno Saiki Sadewa wis mulai ceblok Sadewa          : Kanda terusno dhewe semoga nyampe nang puncak Sadewa meninggal Saiki sing mulai ceblok iku Nakula Nakula            : Kanda kula wis ora sanggup maneh Nakula meninggal Sawise iku ana anjing sing ngikuti Yudhistira Yudhistira      : Oh anjing sopo kowe? Wis ayo melu aku Saiki Arjuna sing mulai pusing amarga sulit napas Arjuna            : Kanda terus ae kula wis ora sanggup maneh Arjuna meninggal Bima lan Yudhistira isik isa dalan Tadine Bima sing dalan ning ngarep tapi saiki wis ketinggalan adoh. Bima ceblok Bima               : Yoy kanda Yudhistira aku ora sanggup maneh terusno dhewe. Iki lah akhir gajahe Pandhawa Tapine uwong sing di anggep lemah iku sik isa dalan karo anjing iku. Sampe akhire Yudhistira nyampe nang puncak lan ketemu Bhatara Indra Bhatara Indra       : Ayo anaku kita lunga ing Nirwana. Yudhistira      : oh pukulun bhatara Indra yakapa karo dulur kula lan istri kula kula ora tega ninggal. Bhatara Indra : Dulur lan istrimu wis nang Nirwana ayo melu aku nang Nirwana. Yudhistira      : Oh pukulun Yakapa karo anjing iki Bhatara Indra : ya tinggal ae Yudhistira      : lek ngono kula ora usah mlebu ing swarga demi keadilan dari pada ninggalaken dheke Lan anjing iku menjelma dadi Bhatara Dharma ayahe Yudhistira dhewe  Bhatara Dharma : Hmm kowe pancen uwong sing luhur budine, ayo kita lunga nang swarga. Akhire Pandahawa, Resi Bhisma, Resi Durna, lan Adipati Karna urip damai nang swarga.

Post new comment

The content of this field is kept private and will not be shown publicly.
 
CAPTCHA
CAPTCHA diperlukan untuk mencegah spam, silakan diisi :)
Type the characters you see in this picture. (verify using audio)
Type the characters you see in the picture above; if you can't read them, submit the form and a new image will be generated. Not case sensitive.

return to top